UYON-UYON
GUGUR GUNUNG Ayo (Ayo) Konco (Konco) Ngayahi karyaning projo Kene (kene) Kene (kene) Gugur gunung tandang gawe Sayuk sayuk rukun Bebarengan ro kancane Rilo lan legowo Kanggo mulyaning nagoro Siji (loro) Telu (papat) Maju papat papat Diulang ulungake Amrih enggal rampunge Holobis kuntul baris Holobis kuntul baris Holobis kuntul baris Holobis kuntul baris PANGATAG, LARAS PELOG PATHET LEM Pr : Bapakne wanci esuk Tlaten temen kowe tenguk tenguk Ngelingono ning pawon kendile ngguling Lk : Lha iku a rak butuhmu Isen isen njroning pawon Pr : Iyo bener kandhamu Pawon iku dadi kwajibanku Ning pikiren beras entek bumbu tapis Lk : Yen ngunu aku seng kujur Opo sing kudu tak adol Pr : Ojo keladuk gemblung Uwong lanang mung kawitan dengkul Opo seneng yen brayatmu podo klingsir Lk : Mungko aku seneng nganggur Mangan turu omong kosong Pr : Ambok welas anakmu Njalokane ono kebon jembrung Sregepono ol...