Materi Basa Jawa Bab Gamelan



GAMELAN

Pangerten
Gamelan miturut Baoesastra Djawa W.J.S Poerwadarminta inggih punika arane tetabuhan kangrericikane akeh banget (saron, bonang, gender, lsp). Gamelaniku salah sijining jinis utawa corak gamelan kang urip ing tlatah Jawa Tengah (uga Yogyakarta) lan sabageyan Jawa Wetan.

Andharan cekak bab ricikan gamelan miturut wujud, bahan, cara nabuh gamelan :
1.       Wujud Tebokan. Cara nabuh dithuthuk, dikebuk, keplak, tabok.
a.   Kendhang iku piranti gamelan kang ditabuh nganggo kombinasi antara tlapakan karo driji (dikebuk). Jinising kendhang yaiku kendhang gendhing / kendhang ageng, kendhang ketipung, kendhang batangan / kendhang ciblon, lan kendhang wayangan.
b.    Bedhug
c.     Ketipung
d.     Tambur
2.       Wujud Wilahan. Carane nabuh dithuthuk.
a.   Gender iku perangkat gamelan Jawa kang kasusun ing papan kaya ayunan lan ing ngisore ana tabung / silinder kang fungsine kanggo ngatur gema swarane.
b.   Slenthem iku kagolong gamelan wujud balungan kang ngasilake swara alus katimbang balungan liyane (saron). Wujud slenthem iki meh padha karo gender.
c.     Gambang iki wujude meh padha saron ning luwih gedhe tur dawa lan wilahane digawe saka kayu. Jaman mbiyen ana gambang kang wilahane digawe saka tosan utawa logam, nanging saiki wis ora ana meneh.
d.   Saron. Saron iku perangkat gamelan wujud wilahan logam kang kasusun sandhuwure rancakan kayu. Ana 3 jinising saron inggih punika :
-          Saron Demung iku jinis saron kang paling gedhe ukurane.
-     Saron Barung/Ricik iku perangkat gamelan jinis saron tengah-tengah inggih punika antarane peking lan demung.
-          Saron Penerus/Peking iku jinis saron kang paling cilik.
3.       Wujud Wilahan Pencon
a.       Gong Kemodhong
b.      Kecer  inggih punika perangkat gamelan ditangkubake ing pasangane.
4.       Wujud Pencon
a.    Bonang  iku salah sawijining perangkat gamelan kang wujude arupa pencon.
b.   Kethuk lan kempyang iku perangkat gamelan wujud pencon kang kasusun ing papan kaya ayunan, dadi cara natane mirip karo kenong lan bonang.
c.  Kenong iku perangkat gamelan wujud pencon kang kasusun ing papan kaya ayunan, dadi cara natane mirip karo bonang, kempyang, lan kethuk.
d.      Kempul iki biasane digantung kaya umume perangkat gong.
e.   Gong iku piranti gamelan Jawa kang ditabuh, digawe saka tosan, lan nduwe ukuran kang gedhe dhewe. Gong ageng iku perangkat gamelan kang ditabuh lan kang paling gedhe diametere udakara 80 nganti 100 cm utawa sekitar 24 inci. Gong suwukan  utawa siyem iku perangkat gamelan kang ditabuh lan nduwe ukuran sing paling gedhe sawise gong ageng kanthi diameter 50 nganthi 60 cm.
5.       Wujud Kawatan
a.       Rebab  iku wujuding perangkat gamelan kang cara nabuhe dikosok (gesek).
b.    Celempung lan siter iku piranti gamelan kang cara nabuhe dipetik, cacah senare ana 11 lan 13 pasang.
6.       Wujud Pipa
a.      Suling iku kalebu piranti musik kang disebul, fungsine kanggo variasi melodi.
b.     Kemanak  inggih punika perangkat gamelan kang wujude memper gendhang. Kemanak iku biasane ditabuh kanggo ngiringi bedhayan.
c.   Tabuhing gamelan (tabuhan bonang, slenthem, peking, saron, gong ageng, kempul, gender, lan demung).

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Materi Basa Jawa Bab Sesorah

Tuladha Cerkak