Materi Basa Jawa Bab Sesorah
SESORAH
Pangerten
Sesorah yaiku
salah satunggaling kaprigelan micara ing sangarepe wong akeh kanggo ngandharake
pemanggih utawi ide.
Bab-bab kang
digatekake nalika sesorah :
1. Nyiapake underan / tema sesorah.
2. Nyiutake tema dadi irah-irahan (judul).
3. Naliti kahanan pamiarsa.
4. Ndamel cengkorongan / kerangka sesorah.
5. Nemtokake ancase / tujuane sesorah.
6. Ngempalake bahan sesorah.
7. Ngembangake / ngrembaakake cengkorongan.
8. Gladhen sesorah.
Metode-metode
sesorah :
1. Metode maca sawutuhe yaiku sesorah kang ditindakake kanthi maca teks.
2. Metode hafalan yaiku sesorah sing ditindakake kanthi apalan
saka teks sing wis digawe sadurunge.
3. Metode pandom lajer yaiku sesorah sing ditindakake kanthi nggawa
cathetan cilik (lajering sesorah).
4. Metode impromptu (dadakan) yaiku sesorah sing ditindakake kanthi dadakan
utawi ora ana persiapan sadurunge.
Jinising
sesorah :
1.
Sesorah Kanthi Cara
(Model) Apalan
Sesorah kanthi cara iki, juru pamedhar sabda kudu ngasta cathetan utawa
tulisan luwih dhisik banjur diapalake nganti ora ana tembung-tembung kang
kacicir. Dadi ora ana
panemu-panemu anyarasa-pangrasa amarga wis tinulis kabeh ana sajroning cathetan
sing wis digawe. Mung wae, yen ana apalan kang kelalen bisa njalari kabeh
apalan kang wis dilakoni ilang. Cara iki mung digunakake kanggo pawongan utawa
bocah-bocah sing nembe ajar pidhato.
2.
Sesorah Kanthi Cara Naskah/Teks/Manuskrip
Sesorah utawa pidhato cara naskah utawa teks
kuwi pamedhar sabda kudu ngasta naskah nalikaning pidhato banjur diwaca
sawutuhe. Cara iku biasane digunakake para pejabat utawa punggawaning negari,
mligine ana upacara-upacara resmi. Kanthi ancas supaya ora mlenceng karo tujuan
sakawit, ora kliru lan wektu kang winadya winates. Dene yen ana rembug-rembug
liyane antaraning pejabat lan masyarakat diterusake ana ing acara saresehan
utawa temu wicara.
3.
Sesorah Kanthi Cara Dadakan Utawa Impromtu
Pidhato cara dadakan kuwi, pidhato sing ora
kanyana-nyana sadurunge. Mula saka kuwi, pawongan sing tinanggenah sesorah
kanthi cara iki kudu pawongan sing wis trampil ing pamicara lan sugih
pengalaman uga kawruhe. Kepara pawongan mau wis kalebu ahli sesorah.
4.
Sesorah Kanthi Cara Ekstemporan
Sesorah cara iki, juru
pamedhar sabda kudu ngasta cathetan cilik minangka gaman utawa pengeling-eling
urutaning isi sing bakal kawedharake. Cathetan mau mung isi wos-wosing gati
sing arep diwedharake. Cara iki biasa digunakake deningdwija kang arep mulang
ana ing sangareping muride.
Cengkorongan /
kerangka sesorah :
1.
Salam Pambuka
Salam pambuka
yaiku: salam pakurmatan sing sepisanan marang para tamu utawa sing kepareng
rawuh. Isine atur salam pakurmatan marang para rawuh, lan sapa aruh (sapaan) tumrap para rawuh.
2.
Purwaka
Purwaka yaiku
atur pamuji syukur marang Gusti Allah, sarta atur panuwun marang para
rawuh/tamu sing kepareng rawuh.
3.
Isi utawa
Surasa Basa
Isi yaiku
sakabehe bab sing diandharake marang para rawuh/tamu.
4.
Dudutan (kesimpulan)
Dudutan (kesimpulan) yaiku ringkesan isi kang
wigati utawa intine sing diandharake.
5.
Pangarep-arep
Pangarep-arep
yaiku pituduh lan pangajab sing diandharake marang para rawuh/tamu lan sing
midhangetake.
6.
Wasana Basa (penutup)
Wasana (penutup) yaiku atur panuwun sarta
nyuwun pangapura Manawa ana kekurangan utawa kaluputan olehe ngandharake.
Pamilihing
tembung, pangrakiting ukara, laguning ujara (intonasi) kang cetha,
kendho-kenceng, endhek-dhuwur, cepet rindhik lan sakpanunggalane. Ringkesing
basa kudu sing komunikatif,
tegese kudu ngilingi :
1.
Sapa sing diajak guneman
2.
Sapa sing ngajak guneman
3.
Apa sing diomongake
4.
Swasananingnalikaning guneman
5.
Padha mangerteni sing diomongake
Tuladha Sesorah
Sesorah Sumpah Pemuda
Assalamualaikum Wr. Wb.
Bapak Kepala
Sekolah ingkang satuhu kula bekteni, Bapak/Ibu Dwija saha karyawan SMA Negeri
11 Sembada ingkang satuhu kinurmatan, sarta kanca-kanca ingkang kula tresnani.
Ingkang sepisan sumangga kula panjenengan sedaya ngaturaken puji syukur dhateng
Gusti Allah ingkang maha welas asih ingkang tansah paring nikmat saha rahmat
satemah kula saha panjenengan taksih saged pados ngelmu inggih menika taksih
saged sinau wonten ing pawiyatan kita menika.
Kaping kalih,
nuwun sewu kula sampun kumawantun jumeneng wonten ngarsa panjenengan sedaya
saperlu badhe ngaturaken sesorah bab Sumpah Pemuda. Kula panjenengan
sedaya tamtu sampun sami mangertos bilih tanggal 28 Oktober bangsa Indonesia
mengeti dinten Sumpah Pemuda. Inggih menika salah satunggaling
kedadosan sakral ingkang nedahaken dhateng sedaya tiyang bilih bangsa Indonesia
bangsa ingkang anggadhahi semangat juang, semangat nyawiji bhineka tunggal ika,
dados bangsa ingkang jumeneng kanthi jejeg.
Wondene
wosipun Sumpah Pemuda inggih menika:
1.Kami Putra
dan Putri Indonesia mengaku bertanah air satu, tanah air Indonesia
2.Kami Putra
dan Putri Indonesia mengaku berbangsa satu, bangsa Indonesia
3.Kami Putra
dan Putri Indonesia mengaku berbahasa satu, bahasa Indonesia
Wosipun sumpah
saha prasetya menika wajib kula saha panjenengan sedaya jagi saha
dipunwarisaken dhumateng putra wayah kagem mujudaken gegayuhan kamardikan saha
gesang kanthi gemah ripah loh jinawi tata tentrem kerta raharja, adil saha
sejahtera. Kita minangka siswa nggadahi jejibahan njagi semangat dalah mempeng
anggenipun sinau. Minangka pemuda kita ugi kedah semangat saha sregep
anggenipun nyambut damel ngisi pambangunanipun bangsa.
Menika ingkang
saged kula aturaken ngengingi babagan Sumpah Pemuda. Pramila
cekap semanten kemawon atur kula, mbok bilih kathah klenta-klentuning atur kula
tansah nyuwun agunging pangaksami.
Wassalammuallaikum
Wr. Wb.
Sesorah wisudha kelas XII
Assalamualaikum
Wr. Wb.
Bapak kepala
sekolah ingkang satuhu kula bekteni, Bapak saha Ibu dwija ingkang satuhu
kinurmatan, para rawuh ingkang sinuba ing karaharjan dalasan rayi kula kelas X
saha XI saha kanca-kanca kelas XII ingkang kula tresnani.
Puji
syukur tansah konjuk wonten ngarsanipun dhumateng Allah SWT ingkang sampun
paring kanugrahan ingkang tanpa kendhat awujud kasarasan, rahmat saha hidayah
dhumateng kula panjenengan sami. Pramila awit saking sih nugrahaning Gusti
ingkang hakarya jagat kula panjenengan sami ing wekdal menika saged kempal
saperlu hangrawuhi adicara ing kalenggahan menika kanthi wilujeng nir ing
sambekala.
Kadang kula
kelas X saha XI ingkang kula tresnani, sekedhap malih kula sakanca kelas XII
badhe nilaraken pawiyatan ing SMA Buana menika. Awit saking menika mbok bilih
sadangunipun kula sesrawungan kaliyan sedherek sedaya wonten kalepatan saha
kekhilafan ingkang sengaja punapa boten kasengaja kula minangka sulihipun
kanca-kanca nyuwun agunging pangapunten.
Wonten mriki
kula paring pepeling dhateng rayi-rayi kula sedaya mugi – mugi sasampunipun
kula sakanca medal saking pawiyatan mriki rayi kula kelas X saha XI
sageda dados siswa – siswi ingkang tansah mbangun turut dhumateng Bapak
saha Ibu dwija saha dados siswa ingkang pinter saha kreatif.
Rayi kula kelas
X saha XI ingkang kula tresnani, kula tansah dedonga saha memuji mugi
– mugi rayi kula ingkang taksih wonten ing pawiyatan mriki tansah
pinaringan pangayomanipun Allah SWT saha semanten ugi kula nyuwun donga saha
pangestu dhumateng para rayi kula mugi – mugi kula saged nglajengaken wonten
ing pawiyatan ingkang langkung inggil, wondene ingkang badhe nyambut damel
sageda tumunten pikantuk padamelan ingkang trep kaliyan ngelmi saha
kesagedanipun piyambak – piyambak.
Wasana,
semanten atur kula minangka sesulih saking kanca-kanca kelas XII sedaya,
mbok bilih anggen kula matur wonten kalepatan, kula tansah nyuwun samodra
pangaksami.
Wassalammuallaikum Wr. Wb.
Sesorah Tanggap Warsa Sekolah
Assalamualaikum Wr. Wb.
Bapak Kepala
Sekolah ingkang satuhu kula bekteni, Bapak saha Ibu Dwija ingkang satuhu
kinurmatan, saha kanca-kanca ingkang kula tresnani. Puji syukur tansah
katur dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan, rahmat saha hidayah
dhumateng kula panjenengan sedaya, satemah ing wekdal menika kula saha
panjenengan sedaya saged kempal kanthi wilujeng nir ing sambekala.
Salajengipun,
kula ingkang minangka sesulihipun panitya tanggap warsa SMA Buana ngaturaken
sugeng rawuh mugi-mugi rawuh panjenengan saged adamel regenging swasana. Awit
saking punika kula ngaturaken gunging panuwun. Boten kesupen kula ngaturaken
gunging panuwun ugi dhumateng Bapak kepala sekolah ingkang sampun paring idin
palilah murih saged katindakaken sedaya adicara pengetan ambal warsa pawiyatan
kita menika. Kula ugi ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan
dhumateng bapak saha ibu dwija sumrambah karyawan ingkang lila legawa paring
eguh pratikel murih pratitising adicara punika. Boten kesupen kula ngaturaken
agung panuwun dhumateng kanca-kanca panitya tanggap warsa ingkang sampun paring
pambiyantu supados adicara ing kalenggahan menika saged kaleksanan.
Bapak saha ibu
sarta kadang-kadang mitra ingkang satuhu bagya mulya.
Dene wosing
gati panjenengan kasuwun rawuh ing pahargyan menika saperlu mengeti dinten
ingkang mirunggan menika. Wondene ancas ingkang kinandhut mugi-mugi pahargyan
punika saged dados pecuting lampah ing dinten-dinten samangke, ningkataken
prestasi tuwin akhlakipun kula panjenengan sedaya mliginipun para siswa SMA
Buana menika.
Ing wasana
sugeng amriksani ngantos paripurnaning adicara ing wekdal punika, lan
mbok bilih anggen kula matur kathah kalepatan kula tansah nyuwun samodra
pangaksami.
Wassalammuallaikum Wr. Wb.
Sesorah Dinten Kamardikan
Assalamualaikum
Wr. Wb.
Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kula bekteni, Bapak saha Ibu Dwija dalasan
karyawan SMA Negeri 11 Sembada ingkang satuhu kinurmatan, saha kanca-kanca
ingkang kula tresnani. Saderengipun mangga sesarengan ngaturaken syukur
Alhamdulillah wonten ngarsanipun dalem Allah SWT, dene kula panjenengan sami
taksih pinaringan rahmat saha hidayahipun, katitik kula panjenengan sekaliyan
taksih saged kempal wonten ing papan mriki, saperlu hangrawuhi adicara pengetan
dinten Kamardikan Negara Kesatuan Republik Indonesia. Wonten ing mriki, kula
badhe ngaturaken satunggaling tema Kamardikan Republik Indonesia.
Kita sedaya mangertos, bilih atusan warsa
kita dipunjajah dening bangsa Walanda. Rakyat dipundamel ajrih saha nampi
kasangsaran amargi kajajah. Kanthi landhasan tekad saha raos handarbeni
dhumateng bangsa saha nagari ingkang kiyat, rakyat Indonesia ngupaya supados
saged mardika. Kawontenan menika saged kaleksanan rikala dinten Jumat tanggal
17 Agustus 1945. Pramila, rakyat Indonesia mengeti saben 17 Agustus minangka
dinten kamardikan bangsa kita, kangge pepeling saha mengeti Kamardikan Republik
Indonesia ugi pengurbananipun para pahlawan ingkang sampun gugur kangge
kamardikaning bangsa kita.
Awit saking menika kula panjenengan sami
kedhah tansah ngaturaken raos syukur awit kanugrahan kasebat. Raos syukur
menika antawisipun kawujudaken kanthi acara jalan santai sesarengan satunggal
RW, ngecet gapura, pasang umbul-umbul, pasang lampu maneka warni, ugi kerja
bakti lingkungan kanthi masang aksesoris merah putih. Lomba ingkang
dipunwontenaken, antawisipun panjat pinang, tarik tambang, balap karung, nedha
krupuk saha sanes-sanesipun.
Adicara inti dipunwontenaken tirakatan
wonten ing malem tanggal 17 Agustus wonten ing pawiyatan kita menika. Pramila
saking menika, kula saha panjenengan sedaya tansah ngaturaken raos syukur ugi
nyuwun kaliyan Gusti Allah SWT supados bangsa kita menika dados bangsa ingkang
langkung sae.
Kula kinten kirang wicaksana menawi kathah
anggen kula matur. Pramila cekap semanten kemawon atur kula, mbok bilih wonten
klenta-klentuning atur, kula tansah nyuwun agunging pangaksami.
Wassalammuallaikum Wr. Wb.
Sesorah Dinten Kartini
Assalamualaikum Wr. Wb.
Bapak Kepala
Sekolah ingkang dahat kinurmatan, Bapak-Ibu dwija saha karyawan SMA Negeri 11
Sembada ingkang sinudarsana, sarta kanca-kanca ingkang kula tresnani. Mangga
kula panjenengan sedaya sareng-sareng ngaturaken puja saha puji syukur
dhumateng ngarsanipun Gusti Allah ingkang maha mirah, inggih awit saking
kamirahanipun kula panjengan sedaya saged kempal wonten ing adicara pahargyan
pengetan dinten kartini ing wekdal menika.
Bapak Kepala
Sekolah, Bapak-Ibu dwija saha karyawan SMA Negeri 11 Sembada saha kanca-kanca
ingkang kula tresnani. Pengetan dinten Kartini wigatos sanget tumrap kula saha
panjenengan sedaya. R.A Kartini ibaratipun kados dene sekar ingkang tansah
ambabar ganda arum ing bangsa Indonesia. Labuh labetipun R.A Kartini saestu
luhur sanget tumrap kaum wanita. Langkung-langkung ing wekdal menika upaya
ingkang dipun tindakaken R. A. Kartini saged ndadosaken kangge majengipun
bangsa Indonesia ingkang kita tresnani menika.
Bapak Kepala
Sekolah, Bapak-Ibu dwija saha karyawan SMA Negeri 11 Sembada sahakanca-kanca
ingkang suka ing basuki. Pancen sampun dados kodratipun wanita limrah nggadahi
raos ingkang kalangkung alus. Sanadyan mekaten, greget ing manah tansah
makantar pindha waja ngudi kautaman. Sadaya punika inggih awit saking
pangaribawa lelabetanipun Ibu Kartini ingkang sampun tumancep saha
ngrembaka ing manahipun wanita Indonesia. Kanthi mekaten menika, sumangga
para kadang putri sami saged nglajengaken gegayuhan tuwin lelabetanipun Ibu
Kartini ingkang luhur punika. Ingkang boten kenging dipunlirwakaken inggih
punika ingkang tansah ngudi jati dhirinipun putri Indonesia. Putri Indonesia
ingkang prasaja, mrantasi sadhengah karya.
Mugi-mugi
wanita Indonesia saged gesang rukun, mat-sinamat, sih sinisihan, lan sami asah,
asih, saha asuh. Cekap semanten atur kula, bilih kathah lepatipun kula nyuwun
agunging pangapunten.
Wassalammuallaikum Wr. Wb.
Kapendet saking :
Komentar
Posting Komentar