Tuladha Cerkak



Amarga Nitip Jeneng
Dening Putri Reza Permatasari

Doni bocah SMP Sumber Jaya kelas 8. Nanging Doni kuwi pindahan seko SMP Bumi Pertiwi. Ning sekolah anyar, Doni duwe konco sing akeh sebab Doni kuwi bocah sing pinter lan bagus.
            Dina iki, wektune ngumpulke tugas kelompok pelajaran fisika ngawe elektroskop. Doni kelompokan karo Tari lan Tini.
“gelo aku kelompokan karo Doni, jarene pinter, nanging nak ora gelem melu ngawe tugas kelompok, ming nitip jeneng, arep baguse kaya bathara kamajaya tetep elik” ngomonge Tini ning Tari
“ho’o aku yo gelo, tak kira yo sregep, jebule keset” saurane Tari
Doni teko  ning gone Tari lan Tini sing lagi omong-omongan, nanging Doni rareti nak Tari lan Tini lagi ngomongke Doni.
“piye tugas ngawe elektroskop e?” tekone Doni karo Tari lan Tini.
“Wis dadi, aku karo Tini ngawe ming wong loro” jawabe Tari kethus.
”lha bahan, alat, lan cara ngawene piye? Aku ora di ajak ngawe!”
“wingi aku karo Tari wis ngajak kowe ngawe, malah kowe ora gelem. Alesane arep lunga, ana jadwal les, alasan sing kuwi, alasan sing iki, nganthi jeleh aku ngejak kowe ngarap tugas” jawabbe Tini marang Doni.
“untung wae wis digawekke, dadi aku ora melu ngawe nanging tetep entuk biji, untung, untung tenan” batine Doni bungah.
            Pak guru fisika mlebet kelas
“saiki tugase gawe elektroskop dikumpulke, banjur ulangan” ngendhikane pak guru.
“haaaaaaaaaaa…….” Kabeh siswa taget, sebab ora dikandhani nak arep ono ulangan
“soale gampang, mung tulisen bahan, alat, lan carane ngawe elektroskop”
“yessss…..” kabeh siswa seneng, mung Doni sing ora seeneng, sebab Doni ora melu ngawe tugas elektroskop, dadi Doni mesthi ora ngerti carane ngawe”
Rupane Doni pucet, bingung, plonga-plongo kaya kebo, tingak-tinguk kaya kethek ditulup
“aduh piye iki, aku raiso ngarap, opo aku nyonto Gatot wae yo!” Batine Doni. Gatot kuwi konco jejere Doni. Doni lirak-lirik jawabane Gatot. Gatot nyadar nak jawabane lagi divonto karo Doni. Gatot langsung ngomong karo pak guru.
“pak Doni nyonto kula!”
“tenan ngono Doni?” tekone pak guru karo Doni
“mboten  pak, kula namun bade nyambut penghapus kalian Gatot” wangsulane Doni
“yowes, gek digarap meneh”
“ngih pak”
Doni nyonto Gatot ora ono hasile, malah arep konangan pak guru.
“untung ora konangan pak guru, nak nganti konangan, mati aku,! huuh.. terus piye iki, apa aku  nyonto Nani yo, Nani kan seneng banget karo aku, yo mesthi Nani gelem nyontoni aku!”
Amarga nyonto Gatot gagal, Doni arep nyonto Nani, kancane Doni sing seneng karo Doni.
“Na, Na, Nana” Doni nyelukke Nani
“wahhhh aku di celukke Doni” batine Nana seneng banget sebabbe dicelukke karo Doni
“Na aku ndelok jawaban mu”
“yoh, iki!” jawabe Nani
Doni cepet-cepet nulis jawabane Nania ning kertase Doni
“nuwun yo”
“yo, sesuk nak arep nyonto meneh ojo sungkan-sungkan” ngomonge Nani, kemayu
“untung Nani gelem nyontoni, ning aku jijik e karo omongane Nani sing genit. Yo ora opo lah, dari pada aku  ora iso ngarap ulangane, terus bijiku elek,terus ibukku  reti nak bijiku elek, terus ra etuk duwet sangu, terus mesti di sengen-sengeni. Huuuuuuhhh.
Doni lega amarga peranyaanneiso digarap kabeh seko hasille nyonto Nana
            Wektu ulangan wis entek
“wektune wis entek, ayo podho dikumpulke” ngendikane pak guru
“engih pak”
Kabeh siswa padha ngumpulke jawaban ulangane
“moga-moga wae jawaban ku bener, nek nganti biji ku elek mesti di hukum” batin e doni.
Doni kerep banget entuk biji apik nanging kakehan hasil e ora murni. Sebab saben ulangan mesti doni nyonto. Tapi yen biji ne Doni elek, mesti karo ibune ora bakal di nei sangu seminggu, ora oleh dolan, lan ora oleh nge game. Pikir e doni, doni ora bakal iso urip tanpa sangu lan nge game. Sakwise di kumpulke, pak guru ngoreksi lembar jawaban ulangane bocah bocah. Biasa ne hasil ulangane di bagikke sakwise jam terakhir.
            “tettttt tetttttt” bel bali sekolah wis muni. Wektune bocah-bocah bali. Nanging Bocah-bocah kelas 8E ora langsung bali, sebab nunggu dibagekke biji ulangan fisika.
“muga-muga bijine apik” batine Doni ndonga supaya biji ulanganne apik.
Biji ulangan fisika wis dibagekke. Jebule Doni entuk biji elek. Doni banjur lemes, lan nekani Nani sing mau diconto.
“Na kowe iki piye to, ngarap ulangan fisika iso akeh salahhe” Doni nesu-nesu
“lha kowe sing salah! Ngopo kok nyonto aku. Aku sakjane yo ora reti carane ngawe elektroskop, sebabbe aku ora melu ngarap tugas kelompok ngawe elektroskop” Nani yo melu-melu nesu
“iki aku nyonto kowe dadi bijine elek to”
“kowe nyalahke aku, wong kuwi jelas jelas salah mu dewe. Tak kira kowe ki pinter, sregep, bagus ning jebule kowe ki tukang nyonto, keset!” Nani malah dadi muni-muni
Sing maune Nani kepencut karo Doni, ket wektu kuwi, Nani wis ora seneng meneh karo Doni. Sebab Doni kuwi jebule sifate elek ora koyo rupane, bagus. Pas Doni lan Nani podho omong-omongan mau, pak guru fisika ora sengojo krungu, nak Doni kuwi jebule nyonto Nani.
“ooo, tenan opo sing diomongke Gatot mau, jebule koweki tukang nyonto!” ngendhikane pak guru
“ampun pak, kula ngaku salah. Kula pancen nyonto Gatot, nanging mboten angsal hasil, banjur kola nyonto Nani. Nani purun nyontoni. Kula banjur nyonto Nani, nanging biji kula mboten sae.” Wangsulane Doni.
“kuwi salahmu dewe, sopo akon nyonto, yo bijimu dadi elek”
“kula nyontok sebab kula mboten nderek ngarap tugas kelompok ndamel elektroskop, dados kula mboten saget ngarap soal ulangan pak”
“lha kui masalah sing utama, kowe ora melu ngarap tugas kelompok. Tugas kelompok kuwi tujuanne supaya bocah-bocah kuwi iso sinau bareng lan gaweanne iso luweh enteng sebab digarap bareng-bareng”
“engih pak kula rumangsa salah”
“youwes, saiki kowe tak wenehi hukuman”ngendikane pak guru
“engih pak, kula tampi hukumannipun”
“kowe kudhu ngresiki kamar mandi sekolah sing ono ning cedak gudang kae”
“engih pak”
“lan, kowe mengko ojo lali njaluk ngapura kanca sak kelompokmu. Sapa konco sak kelompokmu” tekone pak guru
“Tari lan Tini, pak”
“ealah, Tari lan Tini kuwi nak bocah sing apik, youwes kono gek dilakokke hukumanmu”
“engih pak”
Doni ngaku salah, lan Doni siap diwenehi hukuman ngresiki kamar mandi sekolah sing an ning cedhak gudang
            Pas arep ngresiki kamar mandi, Doni kelingan nak kamar mandi kuwi jarang dingo sebab jarene ning kono biyen tau ono sing gantung terus arwahe gentayangan ning kono. Doni dadi wedi, nanging iki hukuman, Doni kudhu tetep di lakoni.
“kresek kresek”
“Waduh suwara opo kowi, kok aku mrinding yo”
Rupane Doni dadi pucet krungu suwara misteri kuwi.
“ktompranggggggggggg”
“waaaaaaaaa tulung tulung ono setan tulungggg!”
Doni mlayu ngacir lan Doni langsung nemoni pak guru fisika. Doni cerita karo pak guru nak ning kamar mandi sekolah cedhak gudang kuwi angker, sebab biyen tau ono sing ngantung ning kono. Krungu ceritane Doni, pak guru malah nguyu kemekelen.
“ning kono kuwi ora ono setanne, ora angker. Terus ora ono sing tau ngantung ning kono. Cobo aku diterke rono”ngendikane pak guru
Doni lan pak guru ning kamar mandhi bareng, arep ngecek tenan ora ono setan ning kono.
            Jebule suara misteri kuwi kucing sing nibakke kaleng.
“lho tenan to ora ono setan ning kene” ngendhikane pak guru
“engih pak” wangsulane Doni karo nguya-nguyu
“wis sakiki gek dirampungke hukumanmu ben kowe iso lekas bali”
“engih pak”
Doni banjur neruske gaweane nganti ngentekke wektu 2 jam
“alhamdulillah wis rampung, saiki aku areb bali lan langsung turu, kesel banget aku gara-gara ngresiki kamar mandhi sekolah. Oiyo karo nyaluk ngapurane Tini lan Tari. Muga-muga Tini lan Tari urung bali lan kelem maafke aku”
Doni langsung ngoleki Tini lan Tari kanggo nyaluk ngapura.
            Tini lan Tari untunge durung bali, isih podho ning perpustakaan. Doni langsung njaluk ngapura.
“Tini, Tari aku njaluk ngapura yo. Sebab aku ora melu ngarap tugas kelompok ngawe prakarya!”
“iyo, ora opo-opo” jawabe Tari
“nanging sesuk meneh nak ono tugas kelompok , kowe yo kudhu melu ngarap!” Tini nambahi
“iya” jawabe Doni
Sakwisa Doni njaluk ngapura karo Tini lan Tari, Doni langsung njupuk pit ning parkiran banjur langsung bali
            Ning dalan Doni ora konsentrasi, sebab Doni mikirke piye nak ibune reti biji ulangan fisikane etuk elek, mesthi pakalan diseneni lan bakalan entuk hukuman.
“opo kertas ulanganne tak delekke wae yo, supaya ibukku ora reti”
Amarga ora konsentrasi , Doni ngati arep nabrak wong mlaku.
 “ pie le nek numpak pit ki sing ati ati” ngendikane wong sing arep ditabrak,
“ nggih pak !” Doni wangsuli.
Senajan wis arep nabrak wong mlaku, Doni tetep ora konsentrasi lan ora weruh nek nang ngarepan iku ana jeglongan. “gubrakkkk… brukk.” Doni tibo klekaran nang aspal, klambine reget sebab ning jeglongan mau ana banyune, jebulane pite Doni bocor, kapekso Doni nuntun pitte tekan omah sing jarake isih 1 kilometer.
“ aduh piye iki iseh adoh e gek bocor meneh’’
Banjur doni takon warga sing gek mlaku ing pinggir dalan
“ pak tambal ban tengpundi nggih ?” pitakone Doni
“lurus terus ana pertelon, terus ngetan, tengen dalan’’ ngendikane  wong sing ning pinggir dalan
“nuwun nggih pak” wangsulane doni
“nggih sami sami’’ banjur doni nuntun ning tambal ban , sawise tekan ning tambal ban  ndelalah tambal bane tutup
“wah ndadak tutup barang asss… astagfirullah..” sawise mutung karo tambal ban doni nglanjutake perjalanan karo nuntun pitte.
Ning perjalanan, Doni kelingan nak mau ibune pesen kon bali cepet, sebabe ibune arep lunga. Bar kelingan pesene ibune, Doni langsung mlayu karo nuntun pitte.
            Tekan ngomah, gerbange wis digembok. Berarti ibune wis lunga lan bapake durung bali kerja. Sedane Doni mlumpat pager lan mlebu omah lewat jendela kamare.
“aku arup turu, kesel banget aku. Wis kena hukuman kon ngresiki kamar mandhi angker, tiba seko pit, banne pit bocor, tambal benne tutup, nuntun pit adoh bange, eeee tekan ngomah ibuk wis tindhak, bapak durung kundhur, wah jan apes tenan” doni langsung turu ning kamare lan tas sekolahe langsung diuncalke ning jubin.
            Ibuke Don iwis kondur, banjur mlebu kamare Doni. Ibue Doni ndelok tase Doni ning jubin, banjur dijipul lan diselehke ning duwur meja. Nanging kertas ulanganne tiba ing jubin. Ibune Doni reti nak bijine ulangan fisikane Doni elek. Pas kui Doni langsung tangi lan ndelok nak ibune Doni lagi ngawa kertas ulanganne. Rupane Doni pucet kaya mayit.ibune nesu-nesu karo Doni lan ibune ora bakal wenehi duit sangu seminggu ming digawani sangu ombe lan panganan, ora oleh dolan, lan ora oleh nge game. Pikir e doni, doni ora bakal iso urip tanpa sangu lan nge game. Banjur ibune yo nesu-nesu sebab Doni baline telat.
“ngopo kok baline telat” tekone ibune Doni
“wae kula angsang hukuman saking pak guru, diken ngresiki kamar mandi” wangsulane Doni lirih
“ngopo kok kowe bisa dihukum”
“ku kuuu kull kula ulll ullangan nyo nyo nyon nyonto buk” wangsulane Doni gagap
“ya ampun wis bijine ulanganne elek, nyonto meneh. Wis saiki kowe adus terus sinau”
“engg enggih bu” jawabe Doni
Doni getun sebabe ora melungarap tugas kelompok marakke ngawe hasalah sing lia-liane. Doni janji arep melu ngarap tugas kelompok, ora arep nitip jeneng maneh.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Materi Basa Jawa Bab Gamelan

Materi Basa Jawa Bab Sesorah