UYON-UYON



GUGUR GUNUNG
Ayo (Ayo)
Konco (Konco)
Ngayahi karyaning projo
Kene (kene)
Kene (kene)
Gugur gunung tandang gawe
Sayuk sayuk rukun
Bebarengan ro kancane
Rilo lan legowo
Kanggo mulyaning nagoro
Siji (loro)
Telu (papat)
Maju papat papat
Diulang ulungake
Amrih enggal rampunge
Holobis kuntul baris
Holobis kuntul baris
Holobis kuntul baris
Holobis kuntul baris


PANGATAG, LARAS PELOG PATHET LEM
Pr : Bapakne wanci esuk
Tlaten temen kowe tenguk tenguk
Ngelingono ning pawon kendile ngguling
Lk : Lha iku a rak butuhmu
Isen isen njroning pawon

Pr : Iyo bener kandhamu
Pawon iku dadi kwajibanku
Ning pikiren beras entek bumbu tapis
Lk : Yen ngunu aku seng kujur
Opo sing kudu tak adol

Pr : Ojo keladuk gemblung
Uwong lanang mung kawitan dengkul
Opo seneng yen brayatmu podo klingsir
Lk : Mungko aku seneng nganggur
Mangan turu omong kosong

Pr : Ambok welas anakmu
Njalokane ono kebon jembrung
Sregepono olah lemah ditanduri
Lk : Aku njaluk sangu pacul
Tumandhang anggarap kebon

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Materi Basa Jawa Bab Gamelan

Materi Basa Jawa Bab Sesorah

Tuladha Cerkak